Loading...

Welcome to Waskitokitow

Tempatnya orang sukses!

Rabu, 25 Mei 2016

Sesorah Hari Kartini

Assalamualikum warahmatulah hiwabarakatuh

 Ingkang kinurmatan Ibu kepala sekolah
Bapak soho ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
Lan ingkang kula tresnani sanget
    
rencang-rencang ugi adek-adek sedoyo.

Inkang rumiyin mugi kito sedaya sami-sami ngraosakin puji lan syukur kehadirat Allah SWT sehinggo ing wektu punika kito saget makempal ting mriki ing keadaan sehat lan mboten wonten alangan punapa-punapa. Ing wektu punika kula badhe pidato ingkang temanipun "mengeti dinten kartini", bapak/ibu lan rencang-rencang sedoyo mesti sampun ngerti sapa kuwi Kartini lan opo wae jasane tumrap bangsa lan negara, khususipun dumateng tiyang setri.

Ibu Kartini menika sampun nyedhiyani tuladha maring kito sedoyo khususipun tiyang setri, bilih jasanipun Ibu Kartini punika sakniki para tiyang estri saget ngrasaaken kebebasan ing sakjroning kehidupan utawa urip. Ndek mbiyen niku sing jenenge tiyang wadon gayange nggeh namung ting omah ugi nglayani bojonipun kiyambak, nanging amargo Ibu kartini memperjuangkan hak-hakipun wanita sahingga sakniki tiyang estri saget ngrasaaken sing jenenge bebas lan mboten ting nggriya mawon.
Atas jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki para kaum wanita saget bebas metu saking omah, saget nggolek panguripan kiyambak, saget bebas sekolah lan tasih kathah malih. Jalarain punika kula ngajak kalian rencang-rencang lan bapak soho ibu guru sedoyo supados ndadiaken pangeten dinten kartini punika dados dinten ingkang spesial lan saget ndadeake majune wanito Indonesia.

Cekap semanten anggen kula pidato, sak teruse kula donga maring sing kuasa supaya para wanito Indonesia saget dados wanita ingkang banggaaken dumateng bojone utawa tiyang kakung lan supados dadio wanito ingkang nggowo manfaat dateng Bangsa lan Negoro. Cekap semanten, yen anggen kula matur wonten lepate kula nyuwun ngapuro ingkang sak ageng-agengipun. Semogo dadio pidato niki nggowo manfaat dumateng sedayanipun, Bilahitaufik walhidayah..

Wassaamualaikum warahmatulah hiwabarakatuh

Sesorah kematian seseorang

Masyarakat

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Inna lillahi wa innna ilaihi raajiuun 3x

Nuwun, Bapak... Sakulawarga ingkang kula kurmati, saha para takziyah ingkang kinurmatan. Sedaya ingkang wonten donya menika namung kagunganipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, lan dhateng Gusti ugi sedaya badhe kapundhut wangsul...

Bapak... Sakulawarga keparenga kula matur minangka wakilipun warga Desa (...) ingkang sepisan ngaturaken ndherek bela sungkawa awit saking kunduripun Bapak/Ibu/Sedherek... Wonten ngarsanipun Gusti.

Salajengipun kula ugi ndherek memuji, muga-muga almarhum/almarhumah (...) tinampi ing ngarsanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi-mugi pinaringan sabar, tawakal, lan manah ingkang ikhlas. Kula panjenengan sedaya namung saged nampi menapa ingkang dipun kersakaken Gusti lan sawanci-wanci ugi badhe kapundhut.

Wasana cepak semanten atur kula. Kathah kalepatan atur saha tindak-tanduk ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb



Keluarga

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Inna lillahi wa innna ilaihi raajiuun 3x

Nuwun, para takziyah ingkang kula kurmati, kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal menika kita sedaya tasih pinaringan kasarasan, saged rawuh ing dalem duhkita ngriki ing upacara pametaking layon almarhum/almarhumah (....) sing menika.

Keparenga kula minangka wakilipun kulawarga, ingkang nandang bela sungkawa, ngaturaken agungin panuwun dhumateng para takziyah ingkang sampun kepareng rawuh wonten dalem mriki, paring pakurmatan upacara pametaking layonipun almarhum/almarhumah (...) mboten kesupen kulawarga ngaturaken agungin panuwun ingkang tanpa umpami dhumateng panjengengan sedaya ingkang sampun paring pambiyantu awujud bandha beya, iguh pratikel saha penggalihan, ingkang sedaya wau katujokaken saha mahanani entenging sesangganipun kulawarga. Kulawarga ing ngriki mboten saged paring lelintu menapa-menapa, kejawi naming memuji mugi sedaya amal kesaenan panjenengan sedaya tansaha pikantuk piwales saking Gusti Allah. Amin..

Para takziyah ingkang kula kurmati, perlu kawuningan sepinten upaya lan ikhtiaripun kulawarga nalika almarhum/almarhumah (...) nandhang gerah, sageda sehat malih, nanging gandheng sedaya pepesthen menika wonten ing astanipun Gusti, pramila kanthi tentrem Bapak/Ibu/Sedherek... Sasmpun sowan wonten nnggarsanipun Gusti, rikala dinten... Waci tabuh... Wonten ing...

Dhumateng para takziyah sedaya kepareng paring donga amrih sedaya amal kesaenanipun almarhum/almarhumah (...) saged ketampi linebura sedaya dosa lan kalepatanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi kaparinga manah tabah, ikhlas lan tawakal.

Ing wasasna mbok bilih almarhum/almarhumah (...) rikala sugeng gadhah kalepatan, utawi pettangan ingkang dereng rampung dhateng panjenengan sami, kulawarga nyuwunaken agenging pangapunten. Lan panjenengan kersa rawuh ngrampungaken sedaya wau kaliyang kulawarganipun.

Ing wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten atur ingkang kirang prayogi. Kula nyuwun pangapunten. Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Sesorah Ulang Tahun


Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.


Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Selasa, 24 Mei 2016

Sesorah Hari Pahlawan


          Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
          Bapak/ibu guru ingkang kula hormati, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
          Ing saben tanggal 10 November, bangsa kita tansah mengeti dinteng ageng, inggih punika dinten Pahlawan.
          Kados sampun ingkang kita semerepi sedaya,bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing kitha Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya ngusir penjajah Walanda ingkang mbonceng tentara sekutu(Inggris) lumarap ing tanah Jawi. Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan kalajengaken rakyat wonten ing dhaerah-dhaerah Indonesia sanesipun, ing salajengipun damel horeging donya, ngantos Dewan Keamanan PBB tumut campur tangan ngengingi prastawa punika.
          Kanthi rahmating Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, pahlawan Indonesia sampun saged ngrebat wilayah Surabaya. Kula mboten saged nglalekaken mekaten kemawon pejuanganipun arek-arek Surabaya ingkang dipun pandhegani dening panjenenganipun pejuang ageng, inggih punika Bung Tomo, ingkang kanti sora tegas ngagungaken asmaning Pangeran : “
AllahuAkbar! Allahuakbar! Allahuakbar!
          Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten ing jaja-jaja bangsa Indonesia kangge mbangun negari Indonesia. Berjuang kanthi semboyan :
sepi ing pamrih , rame ing gawe.
         
Ing salebeting kita merdika kita taksih berjuang. Pejuangan ingkang mboten kangge merangi utawi ngusir penjajah, ananging kangge merangi tuwin ngusir kemiskinan tuwin kebodohan.
          Pramila mboten lepat tuwin mboten wonten awonipun kangge kita sadaya kangge ngenget jasa para pahlawan.Kita ngeningaken cipta sekedhap kangge para pahlawan ingkang sampun gugur ing medan juang. Mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.

                    NGENINGAKEN CIPTA....KAWIWITAN

                                                 CEKAP


          Bapak/Ibu guru ingkang kula hormati, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
          Kula cekapi semanten rumiyin atur kula,bilih wonten kiranging mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Mugi-mugi bangsa kita angsala taufik tuwin hidayah saking Gusti Ingkang Akarya Jagad.

Billahitaufik wal hidayah,
Wassalamualaikum Warrahmatulahi Wabarakatuh...



 

Sesorah Sumpah Pemuda


Assalamualaikum Wr.Wb.

Ingkang kinurmatan, bapak/ibu juri saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sepisan, sumangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang tansah paring nikmat saha rahmat saengga kula kaliyan panjenengan taksih saged pados ngelmi inggih punika nindakaken sekolah.

Kaping kalih, kula kumawantun ngadeg wonten ngarsanipun sedaya saperlu ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda.

Kula lan panjenengan temtu sampun sami mangertosi bilih surya kaping 28 Oktober, bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika satunggaling prastawa sakral ingkang nedahaken dhumateng tiyang-tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang duweni semangat berjuang, semangat manunggal Bhineka Tunggal Ika, supados mardika lan dados bangsa ingkang ngadeg jejeg.

Wontene isi Sumpah Pemuda yaiku :
            1.Kami putra dan putri Indonesia mengkau bertumpah darah satu, tanah air
                Indonesia.
            2.Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
            3.Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia

Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestantunaken lan dipun amalaken kangge mujudaken pangajeng-ajeng idham-idhaman kamardikan gesang makmur, adil lan sejahtera. Inggih menika pelajar/murid, kita wajib semangat tuwin mempeng anggenipun sinau. Lan minangka pemuda, kita kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel ngisi pembangunan bangsa.

Menika ingkang saged kula aturaken. Mangga kita junjung kaluhuran Sumpah Pemuda.

Santen parutan klapa, cekap semanten atur kawula. Numpak sepur nggawa tali, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, kula nyuwun agunging pangaksami.

 

Wassalamualaikum Wr.Wb.